
Tetepangan kula kaliyan sastra Jawi namung sasliringan kewala, nalika kula sesambetan "kapat kasur'' watawis tahun kepengker ing Ngayogyakarta, wonten ing pasamuan pengarang ingkang sampun kasusra ing jagading susastra sarta kabudayan.
Ingkang saking punika, hambokbilih wonten sasar-susuring rembag, wonten klenta-klentunipun atur, kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Kula kumawantun matur, namung amargi raos tresna kula dhumateng sastra Jawi, tuwin para paraga ingkang tansah anyengkuyung tuwin ngrengkuh lahir batin.
Saking pamanggih kula ingkang cupet, wonten kalih centhangan kawontenanipun sastra, utawi langkung ageng malih kabudayan Jawi. Sedaya kalawau saking pamanggih dhasar utami, bilih sastra utawi kabudayan Jawi punika kadidene roh. Kadidene sukma ingkang dados wijinipun angger-angger, pitutur, piweling, ingkang boten badhe kendhat, uger taksih wonten sesebatan wong Jawa. Roh punika gesang langgeng sesarengan kaliyan panguripan. Bokmanawi malah dumugi donya-ngakerat.
Saking kalih centhangan kalawau, centhangan ingkang kapisan Roh Jawi, dipun lestantunaken lumantar media cetak kadosta kalawarta, serat kabar, buku, lagu, musik/gamelan, dhagelan, utawi media panggung kadosta wayang, kethoprak, ludruk, utawi malih lumantar pasamuan, piwulang ing sekolah, sayembara panyeratan, sandiwara radio, utawi media-media sanesipun ingkang murakabi. Kahananipun radi nrenyuhaken amargi etangan ingkang kaanggep saking tingalan ekonomis, utawi malah dipun anggep ngirangi dados "wong Indonesia".
Atur kula, petangan-petangan kalawau klentu sanget, malah kapara njlomprongaken. Sastra Jawi saged terus ngrembaka, gegandhengan kaliyan sastra Indonesia utawi sastra donya. Jer ing kabudayan punika mboten wonten "paten-pinaten". Alam kabudayaan punika kasunyatan wontenipun "multikultur", werni-werni kabudayan, kadosdene manungsa inggih benten-benten, tuwuhan inggih benten-benten, sato kewan inggih benten-benten.
Menawi media ingkang nglantaraken sastra Jawi kirang sae kahananipun, kedah kita tampi kanthi lega legawaning manah. Boten prelu dipun getuni, boten prelu dipun tangisi. Ugi boten prelu hanyalahaken ing asanes.
Mangga kita tampi kahanan kalawau kanthi manah ingkang jembar, mbokmenawi ing tengah margi wonten pepadhang. Blog punika mujudaken sarana, lan saged nguripaken malih rasa tresna. "Yoben sithik, tur cilik, nanging bisa terus mendhelik."
Centhangan ing angka kalih, "Roh Jawi" taksih terus tumitis, tumimbal lahir lumantar wewujudan ingkang "beda nanging jan-jane padha'' lumantar wadhag ingkang nami sastra Indonesia utawi sastra donya, utawi malih wewujudan kabudayan kadosdene beksan, sungging, panggung, reca, utawi sinetron.
Roh Jawi lestari, tumimbal lahir, mboten ngalami pejah. "Roh kuwi urip, nanging yen tulisan bisa mati", makaten piwulang ingkang nate kepireng. Pramila, Roh Jawi ingkang tumitis tanpa kendhat punika, sejatosipun minangka "sangkan paraning wong Jawa''. Inggih punika ingkang dipun wastani kejawen, tata cara, tata krama, angger-angger, pitutur, pepeling — menawi dipun bakenaken, dipun organisasi, boten beda kaliyan agami utawi kapitadosan utawi kebatinan. Kejawen dados punjering Roh Jawi utawi dados Suksma Sejati tumprap wong Jawa. Selangkung tahun kepengker ing sawijining pasamuan kados dinten menika, kula ngaturaken pamanggih ingkang sami. Ngantos dinten samangke, kanyatan makaten kalawau dereng owah, dereng gingsir.
Kasunyatan ingkang kita alami dumugi samangke, kejawen boten katata resmi ritualipun, kedah makaten, boten angsal makaten. Kejawen boten kaatur "syariatipun'', boten mawi pranata-pranata ingkang baken, ingkang resmi, ingkang dipun anggep sakral.
Syukur ing Gusti Allah Ingkang Mahaluhur, Roh Jawi ingkang nama kejawen kalawau boten kinunjara ing pranata tuwin tata cara. Dados saged terus ngrembaka, saged tumimbal lair, saged nitis ing sawanci-wanci, ing sadhengah papan, ing sadalan-dalan, kanti wewujudan enggal. Kula pitados, Suksma Sejati taksih wonten ing batin kita sedaya, dinten menika, ngantos satuntasipun zaman.
Kalih centhangan kahananipun sastra Jawa punika lumampah sesarengan. Wonten kalamangsanipun saged lumampah sarimbitan. Ing kalamangsa sanesipun, kados oyak-oyakan. Lampahipun sedaya kalawau boten amargi dipun biyantu pemerintah, boten amargi wontenipun upacara lan proyek, boten amargi samudana.
Lampahipun, mobah-mosikipun sastra Jawa inggih jalaran panjenengan sedaya ingkang nresnani lair batin, ingkang ngrungkebi kanthi tulus, ingkang nembang ing ratri nadyan tanpa swara keprungu, ingkang taksih saged grenengan kanthi solah bawa kejawen. Kula piyambak keraya-raya nyerat ing blog punika amargi pitados bilih sejatosipun Roh Jawi ingkang ngobahaken kita sedaya. Sumangga kersa. ***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar